Saturday 5 January 2013

geguritanku

Panjeritku ora kawetu
Nyanthel sajroning rempelu
Apa kowe ngerti gembolaning kekarepanku
Ing ati, ing dhadha, lan ing pangangen-angenku
Niyat melu nempil ngeyup sangisore sunarmu
Singkirna mendhung klawu kang kumendheng
kumendheng ning jero jiwa lan raga
gegayutan kang durung dak olehi jawabane
gegayutan kang tansah dak takoke
gegayutan kang dak goleki pucuke
Supaya bumi esuk biso nyawang
Supaya ayem kang sing podo gesang
para sesami gesang ing alam donya
Lan ing smilire angin aku titip
Geguritanku sing kelangan gurit
Lan ing tetese embun wayah esuk ning pucuk-pucuke gegodhongan
dak titipke donga
Ing sakparane ampak-ampak kang iber nglanglang
dak titipke suara ing rempeluku kang ora kawetu
yen aku isih ambegan ning kene
isih tansah ucap donga lan ngupaya sal biso ku
donga kagem pangupa jiwa
donga kagem trisnaku sang Bapa, Biyungku
donga kagem sesami kang gesang ing donya
donga kagem sira lan hamba

*reny_yner

No comments:

Post a Comment